meretas kebenaran diatas pembenaran


lup, anak ku kabeh,
bodo tahun iki, ibu pesen karo siro kabeh;
" RUKUN IKU AGAWE SANTOSO !"
Rukun marang anak bojomu
Rukun marang sedulurmu
Rukun marang bebrayat
Sa'jatine; ndunyo iko ming mampir ngombe
jo gumunan
jo kagetan
jo pinginan
jo usreg2-an
jo rumangsa bener dewe

Lup, anakku kabeh sing tak tresnani
Ibu meng weling, yen siro kabeh
do cecongkrah, urusan opo wae
balekno lan pasraho karo mulo bakale kowe kabeh
di ciptake Allah Sing Maha Pengasih lan Penyayang
kowe kabeh, ora luwih ming kon ngibadah
dadio wong sing muklish [berserah diri kepada Allah SWT]

Anak2ku kabeh sing ibu gemateni
Sabecik-becik dadi manungso, sing nggunaake akal lan pikirane
ibu sedih, marang trekahe bocahku sing ora bener
aku nyawang foto iki, ndadeake miris atiku
ojo pati-pati siro kabeh, nglaleke asale dewe
asale seko lemah lan bakal dikubur nong lemah lan dadi lemah
ayo, enggal-enggal sangu kabecikan, sesok ndino mangsane diitung
untung rugine siro kabeh, diwenehi nikmat iman lan sehat.
kanggo opo kuwi nikmat iman & lan sehatmu?


wellcome gues
yg masih merasa bin marsono
tunjukin cinta elo ke ortu
dengan pemahaman yg bener tentunya
bukan dengan pembenaran

monolog by ibunda on iedul fitri 1430 h massage
we love you mom
i give my best who i have
for making better life
for better destination